Kidung Marmati Kidung Sedulur Papat Kalimo Pancer

Salam ngadubanteng masbero pasti pada tidak tahu lagu ini yang muda muda yang haul gahul khususnya orang Jawa karena lagu ini adalah lagu kidungan dengan bahasa Jawa... 
Sebuah kidung untuk mengingat sedulur papat kita yang di anugerahkan oleh Tuhan kepada kita dari pada nanti tersesat dengan penjelasan ngadubnateng mending googling sendiri tentang kadang Sedulur Papat ini... Karena ngadubanteng hanya tertarik dengan kidungan yang suaranya si bapaknya nyanyinya bagus dan bikin ngantuk saja he he!!
Besok ngadubanteng upload !! 













Kidung Marmati
 Ana kidung ing kadang Mar Marti,
Among tuwuh ing kawasanira
Nganakaken suciptane.
Kakang kawah puniku,
Kang rumeksa sarira - mami,
Anekakaken sedya ing kawasanipun,
Ajin ari-ari ika,
Amayungi ing kawasaneki,
Ngenakaken pangarah

Punang Gatih ing rahina wengi,
Ngrerewangi ulah kang Kawasa
Andadekaken karsane,
Puser Kawasanipun, nguyu-uyu sabawa mami,
Anuruti panedha, kawasanireku,
Sangkep kadang-ingsun papat,
Kalimane pancer wis dadi siji,
Tunggal sawujud ingwang.

Mangkya kadang-ingsun kang umijil
Saking marga hina pareng samya sadina amor anggone,
Kalawan kadang-ingsun,
Ingkang ora umijil saking,
Marga hina punika, kumpule lan ingsun,
Dadi Makdum-sarpin sira wewayanganing Zat reke dadya kanthi,
Saparan datan pisah.

Yen angidung sarwi den pepetri,
Amemuleya golong-lelima, takir ponthang wewadhahe,
iwak-iwakipun,
Ulam tasih rawa myang kali,
Lawan ulam bengawan,
mawagantalipun,
Rong supit winungkusana,
dadya limang wungkus artanya nyadhuit,
Sawungku se puniko.

Tumpangena ponthang anyawiji,
Dadya limang wungkus pothang lima
Sinung sekar cepakane,
Roro sapothanganipun,
Kembang, boreh dupa ywa kari,
Memetri ujubira,
dongane majemu,
Poma dipun lakonana,
Saben nuju dina kalahiranneki
Agung sawabe uga.

Balik lamon
Ora den lakoni
Kadangireku
Samya rencana,
Temah ura suciptane
Sasedyanira wurung,
Lawan luput pangarahneki sakarsa nira wigar,
Anggagar tanpantukbarang ing sakayunira marma kaki
Eling-elingen sayekti supaya waluya.

0 Response to "Kidung Marmati Kidung Sedulur Papat Kalimo Pancer"

Post a Comment